Sabtu, 12 Mei 2012

PASRAH LAN TAMPI PENGANTEN

PASRAH PENGANTEN Assalamu 'alaikum wr.wb Nuwun Para sepuh, para tamu kakung putri ingkang luhur ing budi.Nyuwun pangapunten dene kulo paripeksa nggempil kamardikan panjenengan sedaya, saprelu kulo matur ing ngarsanipun Bapak Sugiyatno sarimbit. Nuwun, Bapak Sugiyatno sekaliyan.Kulo kakersakaken dening kadang kulo enem pun Arief Suyatno sekaliyan. Sepisan : ngaturaken salam taklim, kanthi pemuji mugi-mugi Bapak Sugiyatno sakluwarga tansah pinayungan ing Pangeran satemah ambabar rahayu wilujeng lumebering sedayanipun. Kaping Kalih : kulo kinanten rowing sawetawis, kadhawuhan nyowanaken calon putra penganten, asmanipun Bagus Saefull Ali Nurdin ingkang sampun sarembag badhe kadhaupaken kaliyan Rara xxxx putra putri panjenengan. Ingkang punika mugi kaparenga nampi. Dene wonten kekiranganipun, Bapak Arief Suyatno sekaliyan nyuwun agenging pangapunten. Salajengipun, kalampahanipun dhauping penganten kasumanggakaken ing kepareng panjenengan sakluwarga. Minangka panutup ing atur, mbok menawi wonten atur kulo saklimah, sowan kulo sarowang, ingkang kirang trapsila satemah mboten ndamel renaning penggalih panjenengan punapa dene para tamu, kulo nyuwun lumunturing pangaksami. Cekap semanten, Nuwun. wassalamu 'alaikum wr.wb TAMPI PENGANTEN Assalamu 'alaikum wr.wb Kulo nuwun, Para sepuh, para tamu kakung putri ingkang luhur ing budi.Nyuwun pangapunten dene kulo paripeksa nggempil kamardikan panjenengan sedaya, saprelu kulo matur ing ngarsanipun Bapak Sugiyatno sarimbit. Nuwun, Bapak Sugiyatno sekaliyan.Kulo kakersakaken dening kadang kulo enem pun Arief Suyatno sekaliyan. Sepisan : ngaturaken salam taklim, kanthi pemuji mugi-mugi Bapak Sugiyatno sakluwarga tansah pinayungan ing Pangeran satemah ambabar rahayu wilujeng lumebering sedayanipun. Kaping Kalih : kulo kinanten rowing sawetawis, kadhawuhan nyowanaken calon putra penganten, asmanipun Bagus Saefull Ali Nurdin ingkang sampun sarembag badhe kadhaupaken kaliyan Rara xxxx putra putri panjenengan. Ingkang punika mugi kaparenga nampi. Dene wonten kekiranganipun, Bapak Arief Suyatno sekaliyan nyuwun agenging pangapunten. Salajengipun, kalampahanipun dhauping penganten kasumanggakaken ing kepareng panjenengan sakluwarga. Minangka panutup ing atur, mbok menawi wonten atur kulo saklimah, sowan kulo sarowang, ingkang kirang trapsila satemah mboten ndamel renaning penggalih panjenengan punapa dene para tamu, kulo nyuwun lumunturing pangaksami. Cekap semanten, Nuwun. wassalamu 'alaikum wr.wb